WAYANG
A. Pangertosan Wayang
Wayang punika salah satunggaling kabudayan ingkang dumadi saking wewayangan ingkang sinungging, wayang wiwit wonten ing samadyaning bebryan ageng tiyang Jawa udakara abad kaping 1, rikala jaman Prabu Airlangga kados ingkang sinerat salebeting kakawin Arjunawiwaha yasanipun Mpu Kanwa, pada 59 ingkang suraosipun salabeting basa Kawi (Jawa Kina), mekaten :
"Hananonton ringgit manangis asekel muda hidhepan huwus wruh towin yan walulang inukir molah angucap hatur ning wwang tresneng wisaya malaha tan withikana ri tatwanyan maya sahananing bhawa siluman"
Tegesipun
wonten mirsani ringgit ngantos nangis, bombong sarta kingkin manahipun, sanajan sampun wikan bilih kang dinulu namung lulang sinunggingan manungsa lan kados saget tata jalma, ingkang mirsani wayang (ringgit) kados dene tiyang ingkang kataman hardaning kanepson satemah kesupen lan boten nginten bilih sadaya kalawau namung wewayangan ingkang maya"
Wayang punika gadhah teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang punika saking tembung ayang-ayang minangka gegambaraning jalma. ugi wonten ingkang mastani bilih wayang punika cekakan saking tembung WAyahe sembahYang. Sanesipun nyebataken bilih wayang punika cekakan saking tembung "WAHANANEHYANG", tembung wahana tegesipun panggenan, dene tembung Hyang tegesipun Gusti ingkang Akarya Jagad.
Babon cariyos wayang miurut sujarahipun saking Negara India, inggih saking cariyos Ramayana saha Mahabharata. cariyos Ramayanan ingkang basa Sansekretanipun Ramayana saking tembung Rama lan yana ingkang tegesipun lampahing Rama. Ananging cariyos Ramayana lan Mahabharata punika rikala ing tlatah Jawa lajeng kagubah malih dening para winasis.
Dene wayang piyambak manut sumber ingkang wonten, minangka kabudayan asli Jawa ingkang sampun wonten saderengipun cariyos Ramayana saha Mahabharata mlebet ing Jawa.
B. Jinising Wayang
Saking jinising wayang ingkang sinebat ing nginggl kalawau namung wayang purwa ingkang kathah dipungangrungi dening tiyang Jawa, wayang punika mendhet lampahan saking babon Mahabharata lan Ramayana ingkang sampun rinonce dening para pujangga Jawa satemah wonten bentenipun kaliyan babon aslininipun ingkang saking India.
C. Cariyos Babon Lampahan Ringgit Purwa
D. Ubarampe salebeting wayang purwa punika wigatos sanget awit lumantar punika wayang utawi ringgit saged dipunbabar lan dipuntingali, wondene ubarampenipun antawisipun:
a. Kelir/Geber
Kelir kadamel saking bahan tektil warni pethak pinalipit warni abrit utawi cemeng, panjangipun 12 meter, minnagka pralambang langit, angkasa, wiyaripun 1.5 - 2 meter.
b. Blencong
Suluh (cara kinanipun), nanging sapunika blencong dipungantos mawi lampu bolam.
c. Debog (wit pisang kangge nancepaken wayang, minangka pralambang bumi (bantala)
d. Wayang / Ringgit Wacucal
Piranti baken ingkang kadamel saking lulang tinatah lan sinungging utawi ginambar manut lakonipun, minangka pralambanging para titah uyawi manungsa.
e. Gunungan
Gunungan utawi Kayon inggih punika gambaran gesang, kahanan dunya saisinipun. Tembung kayon saking tembung khayun ingkang tegesipun gesang.
f. Kothak wadhah wayang
Kothak utawi wadhah wayang inggih punika minangka pralambang sangkan paran dumadining manungsa, saderengipun katitahaken ing alam dunya lan sasampunipun seda.
g. Cempala asta (saka kayu)
Kajeng binunut endah panjang udakawis 1,25 jengkal (kilan), ginanipun kangge ndhodhog kothak paring sasmita tumrapipun para niyaga. Minangka pralambang kateging jantung manungsa.
h. Cempala suku
Wesi gligen binubut endah panjang 1/2 kilan (jengkal) jinepit ing jempol suku kangge nuthuk keprak.
i. Keprak
kadamel saking wesi minangka gegambaran ilining rah ing saranduning salira
j. Gamelan
Gamelan ugi dipunwastani gangsa, punika piranti ingkang kangge ngiring lampahipun ringgit, punika minangka pralambang kangge kabetahan gesangipun manungsa. wondene gamelan punika wonten kalih warnanipun :
1. Gamelan Slendro
2. Gamelan Pelog
k. Niyaga lan pesindhen
Niyaga punika tukang nabuh gamelan, tukang nabuh gamelan punika cacahipun wonten 12-15 tiyang utawi langkung ndherek kabetahanipun. pesindhen/waranggana ingkang nglaras tetembangan.
l. Simpingan kiwa
Wayang ingkang tinamcepaken ing gedebog jejer jinejer minangka paes. Ingkang sireng tengen Bratasena (wayang ageng) ngantos dumugi wayang alit. Ingkang siring kiwa Buta Raton ngantos dumugi wayang alitan.
m. Cempurit
Piranti ingkang kangge nggapit wayang kadamel saking sunguning kebo/penjalin/pring.
0 Komentar