Cerkak/Cerita Cekak


Mbabar Urip Anyar 

Dening Yohanes Siyamta


Mbabar Urip Anyar Dening Yohanes Siyamta 

Aku gelem dadi bojone Kang Karmin, jalaran dheweke sregep lan ora wegahan. Senadyan ora duwe pakaryan baku, nanging gaweyan apa wae bisa nandangi lan garapane kagolong alus lan becik. Nukang batu trampil, nukang kayu wasis lan ngecet uga bisa. Malah yen pinuju ora kesel awake, wayah wengi saba sawah lan kali, golek iwak lan kodhok. Esuke takiderke turut kampung. Idhep-idhep bisa kanggo nambal butuh. Kejaba kuwi, kanggo nyukupi kabutuhan keluargaku, ora isin aku nandangi pakaryan srabutan, umbah-umbah lan setlika. Kabeh mau daklakkoni kareben kabutuhan ing brayatku bisa kecakan, anakku ora kapiran. Orah perlu isin, angger isih gelem obah mesthi antuk berkah. Emane, Kang Karmin duwe padatan ala. Seneng nindakke salah sawijining ma-lima, yaiku seneng main kertu. Yen pinuju entuk mungsuh, dhasare pas duwe dhuwit, kadhang kala banjur seneng ngapusi. Golek alesan jarene ana garapan lemburan, dadi baline rada telat utawa kadhang kala malah nganti tengah wengi, meh parak esuk lagi bali. Yen wis ngene iki kerep-kerepe banjur lali anak lan lali bojo. Bola-bali dakelingke meksa ora digagas lan ora digape. Sawijining wengi, rikala anakku Kardi sing umure meh pitung taun nglintek anggone turu, ora krungu lan ora ngerti anggonku padu. “Ti, dinggo mbayar SPP-ne Kardi sasi iki, kowe goleka utangan! Sesuk Setu ngarep, rampung anggonku ngecet daleme Ndara Jayeng, dakasaure. Dina iki durung dibayar, je. Disemayani Setu ngarep.” “Kang, saben-saben kok ngene, ta. Angger wayahe mbayar sekolah, aku kudu nrethek golek utangan. Rong sasi kepungkur aku utang Mah Hwa. Sasi wingi akunrethek maneh nembung nggone Den Jayus. Lha saiki, aku njur kudu nembung ngendi maneh, Kang?” “Pisan iki wae, Ti. Garapan ndadekke omahe Lik Marto pancen wis rampung. Ning Setu iki mau dheweke semaya. Dadi dina iki aku durung bayaran, Ti.” Aku ngerti, Manawa wengi iki Kang Karmin ngapusi. Mokal nek garapane wis rampung kok durung dibayar. Jejer wong wedok kang tembung aluse wanita, jarwa dhosoke wani ditata, Ana uga sing negesi wani nata, nata bale wisma lan nata apa wae sing ora temata. Pokale Kang Karmin sing dakanggep ora temata lan murang tata. Kudu daktata lan dakelingke. Mula tembunge Kang Karmin kang pungkasan mau banjur dakwangsuli, “Kang, bok aja ngapusi. Sajane durung bayaran apa entek kanggo keplek.” Krungu tembungku iki, kaya kebrongot Kang Karmn banjur celathu, “Bok ora ngawur, Ti. Saiki aku wis ora tau main maneh.” “Tenane, Kang. Kandhamu ora main, ning bali bengi kok ora nggawa dhuwit. Aku isin Kang, nek pendhak-pendah kudu utang. Aku ki kurang nrima piye, ta? Bayarmu wis cetha, kanggo mbayar sekolah lan sewan omah. Dene, kebutuhan mangan lan jajane Kardi, dakrewangi ider iwak asil nggonmu golek turut kali lan dakrewangi buruh umbah-umbah lan setlika. Isaku ewang-ewang ya mung ngene iki. Aku isih kurang apa ta, Kang? Sing cetha nek kudu golek utangan maneh, aku isin, Kang.” Krungu tembungku, Kang Karmin ora mendha nanging malah saya ndadra, “Ra sah kakehan suara! Wis ndang goleka utangan. Setu ngarep taklunasane. Mung kari kon nandangi ngono wae, malah ngoceh warna-warna.” “Njenengan omong nek arep nyaur. Endi buktine? Nggone Mah Hwa, bayarku sing dicowok. Nggone Den Jayus minggu wingi aku kudu semaya. Nek ngene iki, aku rak njur kepaten dalan ta, Kang. Njur kudu nembung nggone sapa maneh? Bok ya eling ta, Kang. Lerena anggonmu seneng main. Neng ngendi wae ora ana wong sing sugih marga main, Kang.” “Malah kakehan kojah. Isa ora isa, sesuk tetep gokela utangan. Wis, cukup! Aku ngantuk!” Muni ngono banjur mak klepat mapan turu. hepi perkara iki, aku mung pasrah marang Allah, kanthi sregep maca sholat lan sembahyang. Esuk umun-umun pas adzan subuh, Kardi dakgugah, “Le, tangi. Sholat.” Kardi ngulet sedhela banjur tangi lan nanggapi tembungku, “Nggih, Mak.” Kanggo nylametake Kardi saka pangaruhe bapakne, Kardi bakal dakjak pindhah saka kutha cilik iki. Kandhaku marang dheweke, “Le, melu Mamak, ya. Ora sah pamit bapakmu.” “Ajeng teng pundi, Mak?” “Kowe kepingin sekolah neng Jogja, ta?” “Inggih, Mak.” “Nek wis siap, ayo mangkat saiki.” Kardi nampa pangglembukku, mula manut marang kandhaku. Tanpa pamit marang Kang Karmin, aku lan Kardi ngener tumuju terminal, numpak bus sing esuk dhewe. Wanci tabuh sepuluh, aku lan Kardi wis tekan kutha sing taktuju, Ngayogyakarta. Njujug ing omahe Yu Ginem. Marang Yu Ginem dacritakake sakabehing lelakonku mau. Ing kutha iki, aku miwiti urip anyar. Kanggo nyewa omah, nyukupi kabutuhan lan mbayar sekolahe Kardi, aku gawe panganan. Saperangan daktitip-titipake lan saperangan dakdol dhewe. *** Ora krasa anggonku lunga ninggalake Kang Karmin udakara wis rong taun. Anggonku dodolan saya mlaku lan Kardi anakku saiki wis kelas loro SD. Embuh marga daya apa aku ora ngerti, ing salah sawijining dina Jemuwah ing sasi Syawal, ana pawongan sing teka. Aku lan Kardi ora pangling. Pawongan mau ora liya Kang Karmin. Banjur pambengokku, “Kang Karmin …” Kardi uga banjur mbengok, “Bapak….Sawise aku, Kardi lan Kang Karmin sesalaman lan mendha anggone nangis, aku banjur nlesih Kang Karmin, “Larah-larahe piye, Kang? Kok njur bisa nemokake aku lan Kardi ing kene.” “Ngene, Ti. Sapungkurmu aku pancen ora ngerti neng endi paranmu. Riyaya taun wingi aku kelingan yen kowe duwe sedulur ana kutha iki. Yu Ginem. Aku kirim layang marang Yu Ginem nyoba takon marang dheweke, banjur diwenehi ngerti yen kowe lan Kardi tinemu waras mapan ing kutha iki. Wektu kuwi aku arep nusul mrene, nanging aku gojak-gajek. Rasa isin lan wedi tumplek blek dadi siji. Dhek wingi ing riyaya Idul Fitri, rikala aku krungu swara takbir kang ngumandhang, pikiranku dadi padhang. Aku banjur krasa, yen tumindakku sasuwene iki kleru. Mula, esuk mau aku banjur numpak bis. Aku langsung ngerti papan iki lan njujug mrene, amarga kabar ngenani kahanan lan papan dunungmu wis dakngerteni setaun kepungkur saka Yu Ginem. Wiwit dina bakda iki, kabeh tumindak ala bakal dakilangi, anggonku seneng main bakal dakmareni. Aku kepengin mbabar urip anyar. Aku njaluk ngapura, Ti. Kardi, apuranen bapakmu ya, Le.” “Padha-padha, Kang. Ning janji leren tenan anggonmu seneng main, lho.” “Iya, tenan, Ti.” Aku banjur sujud, munjuk puji syukur marang Allah. Wiwit dina bakda iki Kang Karmin janji ora arep main maneh. Mbabar urip amyar.

Bedog, wiwittaning Oktober 2022 Y. Siyamta aktif di Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta. Karya-karyanya berupa gurit, tembang macapat, cerkak dan esai dimuat di berbagai media cetak dan elektronik. Juga masuk dalam antologi cerkak, gurit, esai, yang diterbitkan Dinas Kebudayaan Provinsi DIY. Sehari-hari menjadi tenaga ahli di perpustakaan Universitas Atma Jaya Yogyakarta

Posting Komentar

0 Komentar