SERAT JAWA
Layang utawi nawala inggih punika basa ingkang dipunaturaken nganggé seratan utawi salah satunggaling piranti komunikasi ingkang awujud seratan. Miturut basa, wos, sipat saha asalipun, layang saged kaperang dados sekawan, inggih menika :
a. Surat (layang) resmi,
b. Surat ( layang ) dinas,
c. Surat ( layang) niaga,
d. Surat (layang) pribadhi.
Layang resmi, dinas, lan niaga temtunipun ngagem paugeran ingkang gumathok gegayutan kaliyan kedinasan. Beda kaliyan layang pribadi. Layang pribadhi menika wujudipun kadosdéné layang limrahipun. Ingkang dados pratandhanipun menawi layang menika kalebet layang pribadhi inggih menika pigunanipun. Tegesipun layang wau dipunginakaken pribadhi marang pribadhi saha wosipun ngrembag perkawis pribadhi utawi sanès perkara kadinasan. Pramila saking menika basa ingkang dipunginakaken ing layang pribadhi langkung longgar. Kajenganipun basa ing layang pribadhi boten kaiket dening paugeran-paugeran ingkang baku nanging namung kaiket dening peprenah antawisipun ingkang ngintun layang saha ingkang dipunkintun layang. Nanging basanipun layang pribadhi saged ngoko saged ugi krama gumantung kalungguhanipun tiyang ingkang dipunkintuni serat. Menawi ingkang dipunkintun layang menika kanca sapadha - padha utawi paprenahé langkung anem, layang saged dipunserat nganggé basa ngoko. Ananging bilih ingkang nampi layang peprenahipun langkung sepuh utawi inggil kalungguhanipun, prayoginipun layang kalawau dipunserat nganggé basa krama.
Sanajan layang pribadhi gadhah kalodhangan babagan basa saha perkawis ingkang dipunrembag, layang pribadhi boten kenging nilar subasita saha tata krama. Layang pribadhi ugi kedah kaserat kanthi cetha, gampil dipunmangertosi dening ingkang nampi layang. Kanthi kados mekaten layang wau boten ndadosaken bingung saha kesalahpahaman, utamanipun kanggé ingkang nampi layang.
A. Wujuding Serat Jawa
Wujud serat Jawa menika manéka warni antawisipun:
1. Serat Ulem (Undangan)
Serat ulem inggih menika serat ingkang isinipun atur dhumateng tiyang sanès, amargi badhé kagungan hajat/kersa. Ingkang dipunkintuni uleman supados rawuh wonten ing wekdal saha papan ingkang sampun katemtokaken. Tuladha serat ulem inggih menika:
a) Tanggap warsa (ulang tahun)
b) Tasyakuran
c) Supitan
d) Serat ulem mantu, lsp.
2. Serat kitir
Serat kitir inggih menika serat ingkang isinipun cekak aos, menapa perlunipun kémawon. Tuladhanipun telegram, memo, lsp.
3.Serat lelayu
Serat lelayu inggih menika serat ingkang isinipun kabar sedanipun tiyang.
4. Serat iber-iber
Serat iber-iber inggih menika serat ingkang isinipun kabar pribadi, bab ingkang dipunandharaken saged menapa kémawon.
B. Péranganipun Serat Jawa
Serat Jawi ingkang ganep nggadhahi pérangan utawi bagian antawisipun:
1.Satata Basa, (serat katujokaken) alamatipun serat saged kaserat ing pojok tengen utawi kiwa ing inggil.
2.Adangiyah, tembung pamuji rahayu upaminipun:
a. Rinengga sagunging pakurmatan.
b. Tansah winantu suka basuki.
c. Katentreman lan karahayon
d. Winantu ing bagya mulya.
e. Sembah sungkem.
3. Purwaka, nelakaken pawarta kaslametanipun ingkang ngintun serat saha pangajeng-ajeng supados ingkang dipunkintun serat ugi slamet.
4. Surasa Basa, wosipun serat, kekajenganipun serat.
5. Wasana Basa, pungkasaning layang, tuladhanipun:
Cukup seméné dhisik liya wektu disambung maneh.
6.Titi Mangsa, nelakaken wekdal panyeratanipun serat. Tuladha: Parakan, 21 Agustus 2008
7. Peprenahan, asalipun serat saking sinten, tuladha:
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c. Adhimu saka paran, lsp
8. Tapak Asma / Tandha Asma, Tanda tangan ingkang damel serat.
9. Asma Terang, asma terang ingkang damel serat.
Tuladha serat
Bapak saha Ibu Joko Surasa (1)
Jln. Aip Mungkar Parakan
Temanggung.
Sembah sungkem, (2)
Kanthi lumantaring serat punika, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah ginanjar wilujeng nir ing sambékala. Menggah panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi-mugi kawontenanipun Bapak saha Ibu ugi mekaten. Amin. (3)
Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikala dinten Minggu kapengker. Arta punika sampun kula ginakaken kanggé prabéya sekolah. Tirahanipun kanggé nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhé tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang saé, amin. (4)
Ing wusana cekap semanten rumiyin serat kula, sanès wekdal dipunsambet malih. Menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5)
(6) Semarang, 26 Nopember 2008
(7) Saking ingkang putra
(8)
(9) Hadi Prawira
Adangiyah Nelakaké, Unggah-ungguhing Layang.
1. Taklim (ingkang taklim), marang sadulur tuwa, utawa menyang sapadha-padha kang perlu diajèni.
2. Salam taklim, marang sedulur enom, utawa menyang sapepadhané.
3. Ingkang salam, marang sedulur enom kang perlu diajèni, amarga pangkaté luwih dhuwur.
4. Ingkang pandonga, saka wong tuwa marang wong enom kang diajèni.
5. Ingkang Pandonga, saka wong tuwa marang anak putuné dhéwé utawa sing karengkuh kaya anaké dhéwé.
6. Ingkang sembah, saka wong cilik marang para luhur, nadyan pangkaté padha.
7. Ingkang sembah sungkem, saka wong enom marang sesepuh (simbah) utawa para luhur.
8. Ingkang sembah pangabekti, saka wong enom marang wong tuwané dhéwé, umpamane : Bapak, Ibu, Simbah, wong wadon marang kakungé.
9. Ingkang pangabekti, marang wong tuwa kang diajèni (dibektèni), umpamané: marang ipéné kang kaprenah tuwa.
10. Sembah sujud, saka kawula marang Gustiné Pamuji, umpamané: karengga sagunging kaurmatan, Karengga sagunging pahargyan, kairing ing sagunging kaurmatan, pudyarja, lan sapituruté. Iku kabèh, satemené mung owah-owahan saka kang kasebut ing dhuwur mau. Amarga ana pakèwuhé anggoné arep nandukaké unggah-ungguh.
a. Tuladha Serat Ulem Wisudhan
Sleman, 21 Agustus 2011
Katur
Panjenenganipun Bapak Drs. Subagyo Sastra W.
Ing Bantul
Berkah Dalem.
Nuwun, kanthi puja puji hastuti, sinartan sagunging pakurmatan, lumantar serat menika keparenga kula angrerantu rawuh panjenengan wonten ing:
dinten : Jum’at Legi
titimangsa : 01 September 2011
wanci : Tabuh 09.00 WIB
papan : Gedung Grha Sabha Pramana Bulaksumur
adicara : Wisudha Pawiyatan Pranatacara tuwin Pamedhar Sabda Yayasan Kirti
Sanggyaning warga Panitya miwah Pengurus Yayasan Kirti atur gunging panuwun awit saking kawigatosan saha rawuhipun panjenengan.
Nuwun,
Pangarsa Yayasan
Ki Pramana Sabda Gaotama
b. Tuladha Ulem Pawiwahan
Nambut silaning akrami:
Dra. NIKEN NASTITI
KRT. Tedjaningrat
KRT. Tedjaningrat
Kaliyan
Drs. MARYAN UTAMA
Letkol Sumaryan
Letkol Sumaryan
Akad Nikah:
Kemis Kliwon,
14 September 2011
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Kemis Kliwon,
14 September 2011
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Ngayogyakarta, 1 September 2011
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wiwahan panggih/dhaupipun anak kula pengantèn kekalih, mbénjing ing:
Dinten : Kemis Kliwon [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 14 Desember 2011
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Tanggal : 14 Desember 2011
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh saha paring berkah pangèstu, kula ngaturaken agunging panuwun sanget. Nuwun.
Salam taklim,
KRT. Tedjaningrat Kekalih
KRT. Tedjaningrat Kekalih
c. Tuladha Serat Prajanjen
Ingkang tandha tangan ing ngandhap menika, kula Raden Mas Antawiryana, pensiunan guru SD Negeri Karangnangka, Sidaluhur, Sidamukti, Wanasaba, gegriya ing Dhusun Karangnangka, Kalurahan Sidaluhur, Kecamatan Sidamukti, Kabupaten Wanasaba, Jawa Tengah, aprajanji:
1. Wiwit surya kaping 1 Januari 2009 kula ngakeni ngenggeni dalemipun sedherek R. Gunasatata ing kampong Karangpajaten Kalurahan Sidamulya, Sidamukti, Wanasaba.
2. Kula sagah nyukani arta pasewan kathahipun Rp. 2.000.000,-(kalih yuta rupiyah) ingkang sawetawis kathahipun kalih atus seket ewu rupiah sampun kula aturaken minangka pratandha dados (uang muka) rikala surya kaping 20 Desember 2009. Wondene kirangipun ingkang sayuta pitung atus seket ewu rupiah badhe kula aturaken ing surya kaping 28 Desember 2009.
3. Upami ing surya kaping 28 Desember 2009 menika kula mboten saged ngaturaken arta jangkepipun menika wau (angka 2), anggen kula badhe nyewa kaanggep batal saha arta ingkang sampun kula aturaken sampun dados hakipun sadhèrèk Gunasatata.
4. Sasampunipun kalh taun kaetang saking surya kaping 1 Januari 2004, griya kasebat, hakipun dados kagunganipun sadherek Gunasatata saha kula mboten hak ngenggeni malih.
Wanasaba, 24 Desember 2011
Kula ingkang tandha tanganRaden Mas AntawiryanaAnyekseni:Lurah Desa SidaluhurDrs. Danuwiyan
0 Komentar