ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮꦶ


1. Aksara Nglegena 

    ꦲ                                

    ha        na        ca            ra        ka

                                    

    da        ta          sa           wa        la      

    ꦥ                                

    pa        dha        ja        ya          nya

    ꦩ                                

    ma        ga          ba       tha       nga

2. Pasangan

    


 2. Sandahangan 

    Sandhangan inggih punika tandha ingkang kaginakaken kangge ngewahi swantenipun aksara ingkang dipunsandhangi. Sandhangan wonten ing paugeran tata tulis aksara Jawa kaperang dados 3 warni, yaiku :

a. sandhangan swara, kangge ngewahi swanten aksara miiturut ungelipun vokal (i), (u), (e), lan                (o).

    






b. sandhangan sesigeg, minangka gantosipun aksara sigeg ha, ra, lannga nalika angsal pasangan utawi      pangkon.

    


    









c. Sandhangan Wyanjana

    Sandhangan wyanjana minangka gantosipun aksara ra, re , ya

    



Aksara Hanacaraka iku sawijining aksara sing digunakaké ing Tanah Jawa lan saubengé kaya ta ing MaduraBaliLombok lan uga Tatar Sundha. Aksara Hanacaraka iku uga diarani aksara Jawa nanging sajatiné ukara iki kurang sreg amarga aksara Jawa iku warnané akèh saliyané iku aksara iki ora mung dienggo nulis basa Jawa waé. Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangskretabasa Arabbasa Balibasa Sundhabasa Madurabasa Sasak lan uga basa Melayu.
Nanging ing artikel iki ukara Hanacaraka lan aksara Jawa dienggo loro-loroné lan yèn ana ukara aksara Jawa sing dirujuk iku aksara Hancaraka.
Aksara Hanacaraka kagolong aksara jinis abugida utawa hibridha antara aksara silabik lan aksara alfabèt. Aksara silabik iki tegesé yèn saben aksara uga nyandhang sawijining swara. Hanacaraka kalebu kulawarga aksara Brahmi sing asalé saka Tanah Hindhustan. Déné wujudé, aksara Hanacaraka anané wis kaya saiki wiwit sa-ora-orané abad kaping 17. Aksara Hanacaraka iki jenengé dijupuk saka limang aksara wiwitané.
 
Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing uniné "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:
ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga
Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:
"Hana caraka" tegesé "Ana utusan"
"Data sawala" tegesé "Padha kekerengan"
"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"
"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".
Saking pangertosan ing nginggil saged kadudhut bilih HANACARAKA punika kalebet KESATUAN. Wonten semestawonten ingkang mutlak, [[wonten ingkang Ésa, Gusti Allah kaliyan semesta, lan manungsa ingkang kalebet kesatuan, kayata ing rumusan Romo Zoetmulder "keasatuan kosmos ingkang sinambetan kaliyan makhluk sanés]]. Urutan aksara iki digawé miturut legèndha yèn aksara Jawa iku diasta déning Aji Saka saka Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngripta urutan aksara kaya mengkéné kanggo mèngeti panakawané; Dora lan Sembada, sing setya nganti mati. Loro-loroné mati amerga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.

Sajarah aksara Jawa Hanacaraka


Aksara ka ing aksara Brahmi sing diwèhi sandhangan
Aksara Jawa kuwi lair saka kisahé Ajisaka. Satria sing bisa ngalahaké Déwata Cengkar sing dadi raja ing médan Kamulan. Wektu semana Ajisaka lan abdi setiané yaiku Dora lan Sembada lagi mangembara. Nalika wis tekan pulau MajethiDora diwènèhi utusan jaga pusaka lan diwènèhi amanat : aja mènèhké pusaka kuwi sakliyané Ajisaka sing jupukAjisaka lan sembada banjur neruské perjalanan. Sakwisé Ajisaka ngalahké Dewata Cengkar lan dadi Raja, Ajisaka banjur ngutus sembada jupuk pusaka sekaliyan ngajak Dora ing kerajaan. Ananging Dora ora gelem mènèhké pusaka amarga wis diwènèhi amanat Ajisaka. Banjur kabeh pada tarung lan mati kabeh amarga pada saktiné.
Aksara Hanacaraka iku baboné aksara Brahmi sing asalé saka Hindhustan. Ing anak bawana Indhia iku akèh rupa-rupaning aksara. Salah sijining aksara sing wigati iku aksara Pallawa saka Indhia sisih kidul. Aksara iki inaranan mengkéné miturut jenengé salah siji karaton ing Indhia kidul yaiku Karajan Pallawa. Aksara Pallawa iki digunakaké ing kiwa tengené abad kaping-4 Masèhi. Ing Nusantara patilasan sajarah arupa prasasti Yupa saka Kutai, Kalimantan Wétan tinulis nganggo aksara Pallawa. Aksara Pallawa iki dadi baboné kabèh aksara Nusantara, antarané aksara Hanacaraka uga aksara Réncong (aksara Kaganga), Surat Batakaksara Makassar lan aksara Baybayin (aksarané saka Filipina).
Professor J.G. de Casparis, yaiku pakar paléografi utawa ahli ngèlmu sajarah aksara misuwur saka Walanda mérang sajarah tuwuhing aksara Hanacaraka ing limang mangsa utama[1]:
  1. Aksara Pallawa
  2. Aksara Kawi Wiwitan
  3. Aksara Kawi Pungkasan
  4. Aksara Majapait
  5. Aksara Pasca-Majapait utawa Hanacaraka
Aksara Pallawa iki digunakaké ing Nusantara saka abad kaping 4 nganti kurang luwih abad kaping 8. Banjur aksara Kawi Wiwitan dienggo saka abad kaping 8 nganti abad kaping 10 utamané ing Jawa Tengah. Aksara Kawi Pungkasan digunakaké sawisé abad kaping 10 nganti kira-kira abad kaping 13 ing Jawa Wétan. Banjur aksara Majapait iku digunakaké ing Jawa Wétan nalika jaman Majapait. Banjur sawisé karajan Majapait binedhah, muncul aksara Hanacaraka modhèrn sing uga kerep diarani aksara Jawa. Aksara ini banjur dadi kanggo ing saubenging Tanah Jawa, Tatar Sundha, Madura, lan Bali. Kabèh-kabèh aksara iki dadi sakelompok lan isih sakerabat. Nanging sajatiné ugi ana aksara liyané ing tanah Jawa sing luwih lawas lan isih dienggo. Aksara ini jenengé dadi aksara Buda.
Aksara Hanacaraka banjur déning wong-wong Eropah digawèkaké vèrsi aksara céthak ing abad kaping 19.

Aksara Pallawa


Prasasti Yupa
Aksara Pallawa iku asalé saka India sisih kidul. Jinis aksara iki digunakaké ing kiwa-tengené abad kaping 4 lan abad kaping 5. Bukti kapisan panganggonan jinis aksara iki ing Nuswantara ditemokaké ing pulo Kalimantan sisih wétan ing cedhak tlatah sing saiki diarani Kutai. Banjur aksara iki uga digunakaké ing pulo Jawa ing Tatar Sundha ing prasastiné Tarumanegara sing katulis ing kiwa-tengené taun 450. Ing Tanah Jawa dhéwé aksara iki kagunakaké ing Prasasti Tuk Mas lan Prasasti Canggal.
Aksara Pallawa iki bisa dianggep baboning kabèh aksara ing Nuswantara, kalebu aksara Hanacaraka. Yèn dideleng aksara Pallawa iki rupané makothak-kothak. Ing basa Inggris prekara iki diarani nganggo ukara box head utawa square head-mark. Banjur mèh kabèh aksara tinulis nganggo apa sing kasebut mawa istilah serifSerif-é tinulis ing sisih kiwa.[2]
Senadyan aksara Pallawa wis ditepangi ing Nuswantara wiwit abad kaping 4, nanging basa Nuswantara asli durung ana sing katulis ing aksara iki.

Aksara Kawi Wiwitan

Prabédan antara aksara Kawi Wiwitan karo aksara Pallawa iku utamané gayané. Aksara Pallawa iku ketara yèn sawijining aksara monumèntal sing kanggo nulis ing watu. Aksara Kawi Wiwitan katoné utamané aksara sing kanggo nulis ing rontal lan mulané bentuké dadi luwih kursif. Aksara Kawi Wiwitan digunakaké antara taun 750 nganti 925. Prasasti-prasasti sing katulis ing aksara Kawi Wiwitan cacahé akèh, kurang luwih 1/3 (sapratelon) saka kabèh prasasti sing ditemokaké ing pulo Jawa.
Ing Tanah Jawa, aksara iki paling tuwa ditemokaké ing Prasasti Plumpungan (cedhak Salatiga) sing kurang luwih ditulis ing taun 750. Prasasti iki isih ditulis ing basa Sangskreta.

Aksara Kawi Pungkasan

Kira-kira sawisé taun 925, pusat kakuwasan ing pulo Jawa dadi pindhah ing Jawa Wétan. Pangalihan kakuwasan iki uga katon pangaruhé ing jenising aksara sing kanggo. Mangsa aksara Kawi Pungkasan iki kira-kira saka taun 925 nganti 1250. Sajatiné aksara Kawi Pungkasan ora béda akèh ing wujudé karo aksara Kawi Wiwitan, namung gayané waé sing dadi rada séjé.
Ing sisi liya, gaya aksara sing kanggo ing Jawa Wétan sadurungé taun 925 uga wis béda karo gaya ing Jawa Tengah. Dadi katoné prabédan iki ora namung prabédan ing wektu waé nanging uga ing papan.
Ing mangsa iki bisa dibédakaké papat gaya aksara sing béda-béda: 1. Aksara Kawi Jawa Wétanan saka taun 910 - 950; 2. Aksara Kawi Jawa Wétanan saka jaman prabu Airlangga (1019 - 1042); 3. Aksara Kawi Jawa Wétanan Kedhiri (kurang luwih 1100 - 1220; 4. Aksara tegak (quadrate script) isih saka mangsa Kedhiri (1050-1220).[3]

Aksara Majapait


Prasasti Singhasari 1351
Ing sajarah Nuswantara mangsa antara taun 1250 - 1450 iki ditandhani karo dhominansi Majapait ing Jawa Wétan. Aksara Majapait iki uga nuduhaké pangaruh saka gaya panulisan ing rontal lan rupané éndhah. Gayané semu kaligrafis. Conto utama gaya panulisan aksara iki bisa paling becik dideleng ing Prasasti Singhasari 1351 sing gambaré ana ing sisih kiwa iki.
Gaya panulisan aksara gaya Majapait iki wis nyedhaki gaya modhèrn.

Aksara Pasca-Majapait


Prasasti Ngadoman
Sawisé jaman Majapait sing miturut tradhisi Jawa negara binedhah ing taun 1478 (candrasangkalané sirna ilang kretaning bumi) nganti pungkasan abad kaping 16 utawa awal abad kaping 17, kanggo sajarah aksara Jawa bisa diarani "jaman peteng". Amerga sawisé iku nganti awal kaping 17 mèh ora ditemokaké bukti panulisan. Ujug-ujug bentuk aksara Jawa dadi bentuké sing modhèrn.
Senadyan mengkono uga ditemokaké prasasti sing wigati amerga dianggep dadi "missing link" antara aksara Hanacaraka saka jaman Jawa Kuna lan aksara Buda sing isih dienggo ing Tanah Jawa, utamané ing sakiwa-tengening Gunung Merapi lan Merbabu nganti abad kaping 18. Prasasti sing diomongaké iki diarani Prasasti Ngadoman sing ditemokaké cedhak Salatiga. Nanging conto aksara Buda sing paling tuwa diduga asalé saka Jawa Kulon lan ditemokaké ing naskah-naskah sing ngamot Kakawin Arjunawiwaha lan Kunjarakarna gancaran.

Wetoné Aksara Hanacaraka Anyar

Sawisé jaman Majapait, muncul jaman Islam lan uga jaman Kolonialisme Kulon ing Tanah Jawa. Ing jaman iki banjur muncul naskah-naskah manuskrip kapisan sing wis nganggo aksara Hanacaraka Anyar. Naskah-naskah iki ora namung katulis ing godhong palem (rontal utawa nipah) manèh, nanging uga ing dluwang utawa kertas lan awujud buku utawa codex. Naskah-naskah iki ditemokaké ing tlatah pasisir lor Jawa lan padha digawani menyang Eropah ing abad kaping 16 utawa 17.
Bentuké aksara Hanacaraka Anyar iki wis béda karo aksara sadurungé kayata aksara Majapaitan. Prabédan utama iku anané serif tambahan ing aksara Hanacaraka Anyaran.
Aksara-aksara Hanacaraka awal iki bentuké mèmper kabèh saka Banten ing sisih kulon nganti tekan Bali. Nanging banjur akiré pirang-pirang tlatah ora nganggo aksara Hanacaraka lan pindhah nganggo Pégon lan aksara Hanacaraka gaya Surakartan sing dadi baku. Nanging saka kabèh aksara iku, aksara Bali sing bentuké tetep padha nganti ing abad kaping 20.

Aksara Hanacaraka ing média cithak

Aksara Hanacaraka wiwit digunakaké kanggo nyithak buku ing purwané abad kaping 19. Tèknik médhia cithak wiwit ditepangi purwané ing Eropah ing tengahé abad kaping 15 ing kiwa-tengené tahun 1450. Sing kapisan ngripta iku Johannes Gutenberg saka Jerman. Mawa sistém Gutenberg iki, dadi sawijining tèks ora usah ditulad mawa tangan manèh déning sawijining juru tulis nanging bisa dicithak. Akibaté buku-buku bisa diprodhuksi massal lan éwadéné bisa diedol luwih murah lan panyebarané luwih jembar.
Bangsa Éropah wis padha nekani Nuswantara wiwit taun 1511, lan manyinaoni basa-basa pribumi ing tlatah kéné, nanging gagasan kanggo nyithak buku-buku mawa aksara pribumi lagi muncul ing purwané abad kaping 19. Sadurungé ana aksara sing maremi brayat umum, ana sawetara gagasan-gagasan sing muncul prekara aksara Jawa cithak sing apik saka sumber sing séjé-séjé. Ing kala semono pangripta aksara Jawa cithak iki dadi diprakarsani déning kelompok sing séjé-séjé yaiku: Raffles, pamaréntah Hindhia-Walanda, kaum panyebar agama Kristen (zending), lan para ngèlmuwan.
Kanggo aksara Hanacaraka Jawa, priyayi sing kapisan nggawé cithakan aksara Hanacaraka iku Thomas Stamford Raffles ing bukuné sing misuwur The History of Java (Raffles 1817). Nanging aksara cithak Jawa iki namung kanggo ilustrasi ing bukuné waé, ora kanggo nyithak tèks sing akèh.[4]

Van Vlissingen

Sawisé iku ing taun 1820, kepala Algemeene Secretarie ing Batavia, J.C. Baud mutusaké supaya ana mesin cithak mawa aksara Jawa. Baud banjur awèh paréntah marang sawijining pakar basa Jawa Walanda sing nalika iku manggon ing Surakarta, P. van Vlissingen supaya bisa ngrancang sawijining aksara cithak sing praktis tur apik. Van Vlissingen sarujuk lan nggawé sawijining modhèl aksarané. Nanging dhèwèké ing taun 1821 mulih menyang Walanda. Senadyan mengkono para penggedhé ing Batavia seneng marang rancangané lan Van Vlissingen sing wis ing Walanda dikirim layang supaya nerusaké gayuhé. Banjur wusanané ing Juni 1825 aksara cithak iki tekan ing Batavia. Wong-wong ing kana padha seneng amerga aksarané bisa kanggo nyithak tulisan tenanan lan tuladhané ya aksara sing kaanggep apik dhéwé kala iku: aksara Hanacaraka gaya keratonan Surakarta. Nanging senadyan mengkono uga ana kritik marang aksara cithak iki. Aksarané keciliken ukurané minangka rélatif lan akèh pada-pada saha sandhangan sing ora mèlu kacipta dadi aksara iki ora bisa kanggo nyithak tèks-tèks kasusastran, namung kanggo nyithak tèks-tèks biyasa waé ing koran. Kamangka rencanané mbiyèn olèhé nggawé aksara cithak iku supaya bisa nyithak buku-buku kasusastran.[5]

Brückner

Banjur kurang luwih ing mangsa sing padha ana sawijining juru dakwah Protèstan (Walanda zendeling) saka Jerman ajeneng Gottlob Brückner sing nduwé kapénginan nerjemahaké Alkitab ing basa Jawa. Brückner wis manggon wiwit taun 1814 ing Semarang. Alihbasa Alkitabé wis rampung ing taun 1821, banjur dhèwèké kepengin nyithak naskahé lan takon menyang pamaréntah kolonial apa bisa nggawé mesin cithak aksara Jawa ora. Nanging suwé ora olèh réaksi wusanané dhèwèké nggawé aksara cithakan dhéwé sing rampung ing taun 1831. Aksarané iki saliyané kanggo nyithak pretalan Alkitabé, uga dienggo nyithak pamflèt-pamflèt Kristen sing diedumaké ing Semarang taun 1831. Ing Semarang para pedunung pribumi tibaké seneng banget marang tulisané nganti pamaréntah kolonial dadi wedi lan mbeslah apa sing turah. Banjur Brückner uga olèh pèngetan yèn Alkitab-Alkitabé uga bakal dibeslah yèn diedumaké. Wujud aksara Jawa gaya Brückner iki ditliti déning para pakar sastra Jawa kala iku yaiku C.F. Winter lan J.F.C. Gericke. Para pakar iki kurang seneng marang modhèl aksarané Brückner amerga kaanggep dudu cangkokan gaya Keraton Surakartan sing kala iku kaanggep apik dhéwé.[6]

Roorda van Eysinga lan Radèn Saleh

Roorda van Eysinga, sawijining pakar sastra Jawa ing negara Walanda uga tau ditugasi nggawé aksara cithak. Roorda van Eysinga banjur ngrancang sawijining aksara, rinéwangan déning Radèn Salèh. Aksara riptan Roorda van Eysingan iki rampung ing taun 1835. Nanging kasilé dikritik amerga rupané isih ala lan wujudé wujud aksara pesisiran, dudu aksara gaya Surakartan.

Roorda

Taco Roorda iku sing kapisan bisa nggawé aksara Jawa sing bisa dianggep suksès amerga aksarané ditampa déning para pakar sajaman lan tetep dienggo nganti luwih saka 100 taun. Aksara Roorda iki rampung ing taun 1838.
Taco Roorda iku sajatiné pakar basa Wétan Tengah kaya ta basa Ibrani, budaya Wétan Tengah, saha tafsir Prajanjian Lawas. Nanging dhèwèké dadi profésor basa lan sastra Jawa wiwit taun 1842 ing Delftsche Academie, akademi studi ‘Hinda’ ing Delft. Sawisé lembaga iki dibubaraké ing taun 1864, dhèwèké dadi profésor ing lembaga penerusé ing Leiden sing diarani Rijksinstelling tot Opleiding van Indische Ambtenaren utawa 'Lembaga Negara bagi Pendidikan Pegawai Negeri Hindia'.[7]
Roorda dhéwé miturut panuturé dhéwé bisa nggawé aksara sing apik merga bisa niliki lan sinau saka pengalaman para pendahulu-né. Saliyané iku dhèwèké bisa nggambar mawa apik, mulané bisa nggambar konsèp cithakan aksarané. Banjur jenis aksara sing dienggo déning Roorda iku jenisé pancèn tepat, yaiku aksara Jawa gaya Karaton Surakarta sing kala iku dianggep apik dhéwé.[8]

Komputerisasi aksara Hanacaraka

Wiwit dasawarsa 1980-an pungkasan lan purwané 1990-an, aksara Hanacaraka uga digawèkaké font ing kanggo panrapan ing komputer. Salah siji sing kapisan nggawé font aksara Jawa iku Willem van der Molen, dhosèn filologi lan sastra Jawa Kuna ing Univèrsitas Leiden Upaya integrasi diperlokaké supaya saben anggota aksara Jawa nduwèni kodhe sing mligi sing diakoni ing saindhenging donya. Jeroen Hellingman ngajokaké proposal ndaftaraké aksara iki jroning Unicode ing tengahan taun 1993 lan Maret 1998. Sabanjuré, Jason Glavy nggawé "font" aksara Jawa sing diédharaké sacara bébas wiwit taun 2002 lan ngajokaké proposal uga menyang Unicode.
Ing Indonesia Ermawan Pratomo gawé font hanacaraka taun 2001, Teguh Budi Sayoga ing taun 2004 uga gawé font aksara Jawa kanggo Windows (diarani "Hanacaraka") miturut ANSI. Matthew Arciniega gawé screen font kanggo Mac ing taun 1992 lan dijenengaké "Surakarta".[9] Sing anyar yakuwi sing digarap déning Bayu Kusuma Purwanto (2006), sing bisa diékspor menyang html.
Nembé wiwit taun 2005 diayahi upaya nyata kanggo ngintegrasèkaké aksara Jawa jroning Unicode sawisé Michael Everson gawé code table sauntara kanggo didaftaraké. Kelambatan iki amarga kurangé dhukungan saka masarakat pangnggo aksara iki. Sabanjuré wiwit kaimpun dhukungan saka masarakat panganggo. Aksara Jawa Hanacara wektu iki wis dirilis jroning Unicode versi 5.2 (kagabung jroning Amandemen 6) sing metu tanggal 1 Oktober 2009.[10] Alokasi Memori Aksara Jawa (Javanese) ing Unicode 5.2.0 yakuwi ing alamat A980 nganti A9DF[11].

PENUGASAN:
Silahkan cari di buku atau media online :
-Sandangan Panyigeg
- Sandhangan Wyanjana
- Pasangan
Silahkan ditulis di buku.





Posting Komentar

0 Komentar