UNDHA USUK BASA

 


Undha usuking basa yaiku trap-trapaning basa, kang duweni ancas kanggo ngajeni marang pawongan kang diajak wawan rembung. Pasrawungan ing bebrayan agung mligine ing tlatah Jawa duweni basa kang mirunggan. Basa kasebut ing wektu saiki sing asring digunakake yaiku basa Ngoko lan Krama. 
Basa Ngoko kapilah dadi loro, yaiku basa Ngoko Lugu lan basa Ngoko Alus. Dene basa Krama kapilah dadi loro uga, yaiku basa Krama Lugu lan basa Krama Alus.
Undha usuk basa Jawa ana:
1.     Basa Ngoko adate dianggo wawan rembug utawa guneman dening pawongan sing wis padha tepung apik, akrab, ora ana jarak, lan nduweni derajat imbang.
        Ngoko kaperang dadi :
Ngoko Lugu
§       Titikane: tetembungane ngoko kabeh, ora ana sing dibasakake.
§     Kagunaane: kanggo sapada-pada, bocah karo bocah, wong tuwa karo wong tuwa, wong tuwa marang bocah Biasane digunakake wong sing wis padha-padha akrab.
§       Tuladha: “Tini numpak sepur.”
Ngoko alus
·   Titikane: tembunge ngoko campur krama inggil tumrap kang diajak guneman. Adate digunakake sening pawongan sing wis  akrab lan duweni rasa ngajeni
·         Kagunaan: Ibu marang bapak ing dalem, wong tuwa marang wong enom kang isih ngajeni.
·         Tuladha: “Ibu mau tindak jam enem esuk.”

2.      Dene basa Krama adate dianggo wawan rembug utawa pacelathon dening pawongan sing durung tepung akrab lan   derajate beda utawa sok ana jarak lan kanggo luwih ngajeni wong liya.
Basa Krama kaperang dadi:
Krama Andhap
o       Titikane kabeh nggunakake tembung krama.
o      Kagunaane: wong tuwa marang wong enom kang isih diajeni, uga wong enom marang wong tuwa nanging ora pati ngajeni.
o        Tuladha: “Adhi kula saweg tilem wanci tabuh tiga dalu.”

Krama Inggil
·        Titikane: tembung karma inggil, ater-ater, lan panambange karma.
·     Kagunaane: bocah marang wong tuwa, wong enom marang kang luwih tuwa kang ngajeni banget, andhahan marang dhuwuran.
·         Tuladha: “Panjenengan dipunaturi rawuh wonten arisan menika.”

Posting Komentar

5 Komentar