Tembang Macapat
Tembang Macapat
cacahe ana 11 metrum, yaiku Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom,
Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur,
Megatruh, lan Pucung. Saben metrum macapat kasebut nduweni paugeran
panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing saben metrum iku nduweni cengkok
sing akeh. Maneka warnane cengkok kasebut dumadi awit kreativitase masyarakat
Jawa minangka kang nduweni tembang macapat kasebut (Sugito HS, 2010:6).
Tembang
macapat kang cacahe 11 kasebut, siji lan sijine nduweni paugeran lan watak
dhewe-dhewe, yaiku :
No |
Jinise
Tembang |
Paugeran |
Watak |
1. |
Pucung |
12u,
6a, 8i, 12a |
Kendho
tanpa greget saut kanggo ing carita kang sajak mung sakepenake, tanpa
kamempengan. |
2. |
Maskumambang |
12i,
6a, 8i, 8a |
Nelangsa,
kanggo medharake rasa pangrasa kang ngeres, nggreges, nalangsa karanta-ranta |
3. |
Gambuh |
7u,
10u, 12i, 8u, 8o |
Rumaket,
kulina, kanggo medharake pitutur kang rada sereng merga wis keduga, lumrahe
nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kulina raket sesrawungane. |
4. |
Megatruh |
12u,
8i, 8u, 8i, 8o |
Sedhih
kingkin kaworan nglokro, kanggo medharake rasa gegetun pungun-pungun,
nelangsa karanta-ranta. |
5. |
Kinanthi |
8u,
8i, 8a, 8i, 8a, 8i |
Seneng,
tresna, lan asih, kanggo medharake piwulang carita kang ngemu rasa asmara,
gandrung-gandrung. |
6. |
Asmaradana |
8i,
8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a |
Sedhih,
sengsem, prihatin marga ketaman ing rasa asmara, kanggo ing carita kang
medharake asmara. |
7. |
Mijil |
10i,
6o, 10e, 10i, 6i, 6u |
Wetuning
rasa, kanggo medharake pitutur, uga kena kanggo carita gandrungan. |
8. |
Pangkur |
8a,
11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i |
Sereng,
kanggo ing carita kang ngemu surasa sereng. |
9. |
Durma |
12a,
7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a |
Galak,
muntab, kanggo medharake rasaning ati kang nepsu utawa kanggo ing carita
perang. |
10. |
Sinom |
8a,
8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a |
Grapyak,
renyah, kanggo sesorah, mituturi. |
11. |
Dhandanggula |
10i,
10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a |
Luwes,
resep, lumrahe kanggo bebuka, medharake piwulang, gandrungan, lan kanggo
panutuping karangan kang sinawung ing tembang. |
(Padmosoekotjo,
1953:12)
Tembang macapat kasebut bisa digunakake minangka wakil saka rasa pangrasane
pawongan. Kabeh tembang nduweni paugeran dhewe-dhewe kang digunakake kanggo
ngandharake ancase dhewe-dhewe. Paugeran-paugeran lan watek kang ana ing
dhuwur, bisa dideleng kanthi cetha tujuane dhewe-dhewe saka tembang-tembang
kasebut.
1) Guru
Lagu
Guru
lagu minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat. Tembang macapat
kang cacahe ana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang beda-beda. Salah
sijine yaiku paugeran kang awujud guru lagu.
Miturut
Padmosoekotjo (1953:13), guru lagu iku paugeran dhong-dhingiing swara ing
wekasaning gatra-gatrane tembang. Andharan kasebut dening dening Saputra
(2001:57) yen guru lagu utawa dhong-dhing gumantung marang kalungguhane larik
sajrone pada sawijining pola sajak. Susantina (2010:3) nyengkuyung kaloro
andharan kasebut lan ngandharake yen guru lagu yaiku dhong-dhinge swara ing
wekasane gatrane tembang.
Sakehing
panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges kang padha. Guru lagu
yaiku salah sawijining paugeran tembang macapat minangka dhong-dhinging swara
ing pungkasane gatrane tembang.
Tuladha
:
Gambuh
Sekar
gambuh ping catur - u
kang
cinatur polah kang kalantur - u
tanpa
tutur katula-tula katali - i
kadaluwarsa
katutuh - u
kapatuh
pan dadi awon - o
2) Guru
Gatra
Paugeran
sajrone tembang macapat sawise guru lagu yaiku guru gatra. Guru gatra yaiku
cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut Saputra (2001:57) yen guru
gatra iku gumantung marang jinise pola sajak utawa metrum. Saben-saben tembang
macapat nduweni paugeran-paugeran kang beda salah sijine yaiku guru gatra.
Tuladha :
Gambuh
Sekar
gambuh ping
catur
kang
cinatur polah kang
kalantur
tanpa
tutur katula-tula
katali cacahe
5 gatra
kadaluwarsa
katutuh
kapatuh
pan dadi
awon
3) Guru
Wilangan
Tembang
macapat nduweni telung paugeran. Paugeran kasebut yaiku guru lagu, guru gatra,
lan guru wilangan. Guru lagu lan guru gatra wis diandharake ing dhuwur, banjur
kang pungkasan yaiku guru wilangan.
Tembung
wilangan ana gegayutane karo angka. Miturut tegese, wilangan nduweni teges
etungan utawa cacah (Widada,dkk, 2011:782). Tembung guru tegese paugeran,
wewaton, utawa pathokan (Padmosoekotjo, 1953:13). Yen kaloro tembung kasebut
digathukake, bisa ditegesi pathokan utawa paugeran kang awujud cacah utawa
etungan. Miturut Susantina (2010:3) guru wilangan yaiku cacahe wanda ing
gatra-gatrane tembang. Guru wilangan gumantung saka kalungguhan utawa
panggonane larik sajrone pada ing sawijining pola sajak.
Tuladha
:
Gambuh
Sekar
gambuh ping catur - 7
kang
cinatur polah kang kalantur - 10
tanpa
tutur katula-tula katali - 12
kadaluwarsa
katutuh - 8
kapatuh
pan dadi awon - 8
Mekaten sakedhik kawruh babagan Tembang Macapat.
0 Komentar