Tembung uyon-uyon saking tembung nguyu-uyu ingkang tegesipun gegendhingan nabuh gamelan kadosta rikaallanipu kagungan kersa lan sapiturutipun (Poerwadarminta, 1939:436). Wonten pamanggih sanes bilih uyon-uyon saged dipuntegesi ungeling gangsa/gamelann ingkang boten kinanthenan joged utawi kagunan sanesipun. Kanthi makaten menawi ngrembag babagan uyon-uyon boten badhe uwal kaliyan kagunana karawitan. Menawi karawita punika saged kangge ngiringi maneka warnining pagelaran, tuladhanipun ringgit/wayang, kethoprak, beksan ludruk, lan sapiturutipun.
2. Peranganing Uyon-uyon
kangge nyengkuyung pagelaran uyon-uyon kedah wonten perangan-perangan uyon-uyon ingakang baken, ing antawisipun inggih punika Gamelan/gangsa, wiyaga/niyaga, lelagon/gendhing, pasindhen.
3. Kasusastran Ing Gendhing
Kang karembug ing kene dudu bab akehing gendhing utawa werna-wernaning gendhing, ananging bab kasusastran kang tinemu ing gendhing antarane :
1.Cakepan, yaiku unen-unen utawa tetembungan sing dianggo ing tembung utawa tetembangan.
2.Bawa, yaiku tembang kang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
3.Buka, yaiku tetabuhan kang kanggo mbukani gendhing
4.Jineman, yaiku paranganing bawa sing ditembangake wong akeh lan bebarengan karo para pradangga bebarengan lan diiringi gamelan sawatara.
5.Umpak-umpak, yaiku lagoning gendhing sawise bawa utawa buka gendhing lan ora bisa digerongi. Uga bisa ditibakake saben panembrama ganti pada lan adate nganggo tembang wangsalan.
6.Senggakan, yaiku unen-unen mawa lagu ing satengah ing tembang kang binarung swaraning gendhing pradangga.
7.Gerong, yaiku tembang kang dilagukake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/pradangga.
8.Sindhenan, yaiku tetembangan kang dilagukake dening waranggana/pesindhen binarung swaraning gamelan/lelagoning gendhing.
9.Laras, yaiku rasa thinthingane swara cendhek nganti swara dhuwur.
10.Titi laras, yaiku angka pinangka tandha liruning wilahan gamelan kanggo mbedakake swara siji lan sijine wilah gamelan
11.Irama, yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan (irama lancar, irama magak, irama dadi, irama wilet, lan irama wilet rangkeb).
12.Pathet, yaiku ukuran endhek dhuwuring swara sajroning gendhing. Tuladha : ing laras slendro:
a.Pathet nem (6)
b.Pathet sanga (9)
c.Pathet manyura.
Dene ing laras pelog:
a.Pathet pelog lima (5)
b.Pathet pelog nem (6)
c.Pelog pathet barang (7)
13.Merong, yaiku lelagoning gendhing kang durung munggah durung mundhak kethukane.
14.Pedhotan, yaiku laguning gendhing kang mandheg sawatara sedurunge gong suwuk.
15.Cengkok, yaiku cakrik utawa gaya utawa luking lagon tembang.
16.Ada-ada, yaiku lelagon kang dilagukake dhalang yen wayang arep perang utawa bubar perang uga utawa yen pinuju swasana sereng.
17.Dene lelagon kang dilagukake dening dhalang diarani suluk.
1.Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan iku cara nabuh dithuthuk (bedug, tambur) utawi dipunkebuk .
2.Wujud Wilahan
Gamelan ingkang wujudipun wilahan inggih punika Gender, Slenthem, , Demung, Sarn, Peking. Caranipun nabuh dipunthuthuk.
3.Wujud Wilahan Pencon
Gamelan ingkang wujudipun wilahan pencon inggih punika Slentho, Kemodhong, Kecer. Cara nabuhipun dipunthuthuk.
4.Wujud Pencon
Gamelan ingkang wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dipunthuthuk.
5.Wujud Kawatan
Gamelan ingkang wujudipun kawatan inggih punika Rebab, Siter. Cara nabuh Rebab dipungesek, dene Siter lan Cemplung dipunpethik utawi cuwik.
6.Wujud Pipa
Gamelan ingkang wujudipun pipa inggih punika Suling saha Kemanak. Cara ngungelaken Suling dipunsebul, dene Kemanak dipuntabuh.
0 Komentar